بســم الله الرحمن الرحيم
استـغـفرالله رب البرايــا
رب زدنى علـما نـافــعا
يـارسول الله سـلام عليك
عـطفة يـا جـيرةالـعلم
|
اسـتـغـفرالله من الخطايا
ووفـقنى عـملا صـالحا
يـارفيع الـشان والدارج
يـااهيل الجـودوالـكرام
|
Kelawan muji maring pangeran
Rino wengine tanpo pitungan 2x
Ojo mung ngaji syari’at bloko
Tembe burine bakal sangsoro 2x
Seneng ngafirne marang liyane
Yen isih kotor ati akale 2x
Ing pepaese gebyare dunyo
Mulo atine peteng lan nistho 2x
Wajibe ngaji sak pranatane
Baguse sangu mulyo matine 2x
Kerono mapan sari ilmune
Ugo hakikot manjing rasane 2x
Tanpo tinulis isi dowoco
Den tancepake ing jero dodo 2x
Merasuk ing badan kebeh jeroan
Miningko dalan manjinge iman 2x
Kudu rangkulan rino lan wengi
Dzikir lan suluk jo nganti lali 2x
Dununge roso tondo yen iman
Kabeh tinakdir saking pangeran 2x
Kang podho rukun ojo ngak siyo
Nabi Muhammad panutan kito 2x
Alloh kang bakal ngangkat derajate
Ananging mulyo maqom drajate 2x
Ora kesasar roh lan sukmane
Utuh mayite ugo ulese 2x
|
Ngawiti ingsun nglaras syi’iran
Kang paring rohmat lan kenikmatan
Duh bolo konco prio wanito
Gur pinter dongeng nulis lan moco
Akeh kanga pal qur’an haditse
Kafire dewe dak digatekne
Gampang kabujuk nafsu angkoro
Iri lan meri sugihe tonggo
Ayo sedulur jo nglaleake
Ngumandelake iman tauhide
Kang aran sholeh bagus atine
Laku thorikot lan ma’rifate
Al-qur’an qodim wahyu minulyo
Iku wejangan guru waskito
Kumantil ati lan pikiran
Mu’jizat rosul dadi pedoman
Kelawan Alloh kang maha suci
Ditirakati di riyadhohi
Uripe ayem rumongso aman
Sabar narimo najan pas-pasan
Kelawan konco dulur lan tonggo
Iku sunahe rosul kang mulyo
Ayo nglakoni sekabehane
Senajan asor toto dhohire
Kaum palastro ing pungkasane
Den gadang Alloh suwargo manggone
|
بســم الله الرحمن الرحيم
استـغـفرالله رب البرايــا
رب زدنى علـما نـافــعا
يـارسول الله سـلام عليك
عـطفة يـا جـيرةالـعلم
|
اسـتـغـفرالله من الخطايا
ووفـقنى عـملا صـالحا
يـارفيع الـشان والدارج
يـااهيل الجـودوالـكرام
|
Sing sregep golek sangune akhirat
Supoyo oleh ridlone pangeran 2x
Iku tandane seneng dongane liyan
Ing akhire mesti oleh ganjaran 2x
Mulo dewe’e iku butuh ayem
Songko ganjarane wong kang tahlilan 2x
Iku mergo kabujuk rayune syetan
Sedino utuh karo rasan-rasan 2x
Senengane nyalahne tanggane
Ora ngerti yen iku rugi mburine 2x
Duwe anak putu prawan joko rondo
Ungah-ungguh sopan santun toto kromo 2x
Macak lanang rumangsane ayu dewe
Ora ngerti yen iku kabeh gawean 2x
Ngalor ngidul ngetan ngulon lali mangan
Urong ijab jebul wes telung wulan 2x
Ojo mung ngaji syari’at bloko
Tembe burine bakal sangsoro 2x
Seneng ngafirne marang liyane
Yen isih kotor ati akale 2x
Ing pepaese gebyare dunyo
Mulo atine peteng lan nistho 2x
Sing istiqomah olehe ngibadah
Supoyo panen oleh gabah katah 2x
Tapi dewe’e ora gelem syukur
Nanging uripe ora biso makmur 2x
|
Duh poro ibu muslimat fatayat
Yo iku rutin menyang muslimatan
Yen muslimat mesti tahlilan
Supoyo langgeng olehe kekancan
Wong mati iku koyo wong kerem
Ayeme iku yen oleh kiriman
Gak tau gelem menyang muslimatan
Senenge lungguh-lungguh karo petan
Ora kelingan salahe dewe
Opo wae mesti di omongne
Duh poro bapak ibu kang waspodo
Iku kabeh kudu di wulang agomo
Zaman akhir wong wadon ilang wirange
Idep malek alis nylirit lambe abang
Bocah lanang ugo melu-melu edan
Mlaku bareng runtang-runtung karo perawan
Duh bolo konco prio wanito
Gur pinter dongeng nulis lan moco
Akeh kang apal qur’an haditse
Kafire dewe dak digatekne
Gampang kabujuk nafsu angkoro
Iri lan meri sugihe tonggo
Yen kito pingin uripe barokah
Lan ojo lali anggone nggarap sawah
Akeh sedulur kang podo nandur
Senajan diparingi panjang umur
|
Tidak ada komentar:
Posting Komentar